PAWARTA
TRADISI ADUS DHAWET
Kamis, 23 Oktober 2014
Demak,
www.jogjatv.com . atusias warga Desa
Mijen,Kecamatan Mijen, Kabupaten Demak,Jawa Tengah, ngresteni lampah adat adus
dhawet dhateng pasareyan peunden desa Mbah Cendana Sari.
Ancasipun kangge dedonga supados tumuli jawah.
Saben mangsa ketiga warga Desa Mijen,Demak,Jawa Tengah, nindakaken upacara adat
adus dhawet dhateng pasareyan peunden desa Mbah Cendana Sari ing satengahing
sabin. Lampah adat ingkang dipuntindaaken kanthi turun temurun punika, mengku
ancas kangge dedonga supados ing wewengkonipun tumuli jawah, satemah saget
tumuli nggarap sabin malih. Kanthi dipun pandhegani dening modin warga dedanga
sesarengan. Sesampunipun dedonga, warga dipun dumi dhawet kangge adus. Modin
ingkag klebus dhawet nuli siram dhateng sumur sesepuh satengahing sabin ingkang
dipun anggep wingit, jalaran toyanipun boten nate asat.
www.jogja.tv/berita/23/10/2014/tradisi-adus
-dhawet
UNSUR UNSUR
PAWARTA
- What (apa) : Babagan apa kang ana ing pawarta iku.

- Where (nang ngendi) : panggonan kadadeyan prastawa ing pawarta iku.

3. When (kapan) : wektune prastawa ing pawarta iku kedadeyan.

- Who (sapa) : babagan sapa utawa tokoh kang ana ing pawarta.

- Why (lha ngapa) : nuduhake sebab musabab kenapa prastawa iku kedadean.

- How (kepriye) : kepriye prastawa iku bisa kedadeyan, bisa uga nuduhake kepiye swasana ing prastawa iku.

Mantap
BalasHapus